Kamis, 25 April 2013

CERITA BASA JAWA - MILIH MATI WAE


Ana pemburu sing kasil manah menjangan ning alas, banjur menjangan digendong arep digawa mulih. Ndilalahe neng tengah ndalan dheweke weruh Gajah lemu sing lagi ngombe wedang ing kali. Pemburu ngetokke bedil banjur nginceng Gajah lemu kuwi.  Ananging  sakdurunge dibedil, singa kang mau nginceng gajah malah nabrak pemburu.
Si Pemburu  kaget lan nodongake bedil marang macan. Pemburu mbedil macan kuwi, nanging malah kena gajah.  Si Pemburu puput yuswa dicakar-cakar lan dejegurake kali.
 
Ora suwe, pemburu liya kang polahe isih bocah teka kaya sekuter, jenenge Praji sing mara ndana arep mburu kewan. Weruh ana bangke Menjangan lan Gajah, dheweke dadi gumun. Wasan mikir-mikir dheweke mbedek menawa mesthi gek entes wae bar ana pemburu sing lagi lunga. “Wah, sadurunge pemburu sing mau bali, iki tak gawa wae iki. Nanging, gadhing gajah apa sungu menjangan ya?”
Saiki Praji bingung arep milih sing endi.  Sungu Menjangan apik banget nek dadi pajangan ning ngomah, nanging gading Gajah payu larang nek di dol ning kutho. Mengko nek nduwe duwit dheweke iso kelakon nraktir kanca-kancanene mangan ning Pizza Hut. Wis suwe dheweke nduwe kepinginan jajan Pizza Hut. Mulihe dheweke iso tuku sarung lan klambi anyar.
hinichi.blogspot.com
Dasar Praji, dheweke ketungkul wira-wiri ndelok menjangan, bar kuwi marani Gajah. Bingung nimbang-nimbang endi sing luwih nguntungake menawa digawa bali. Saking bingunge dheweke wira-wiri kawit awan nganti sore ora iso mutuske. Penyebape amarga Praji rumangsa abot kelangan salah sijine lan Praji pancen adus eluh yen dikongkon milih salah siji.

Srengenge wis diganti rembulan. Dumadakan ana suara Macan sero banget. Macan sing mau ngundang kanca kanggo. Wah, mesthi iki pemburu sing arep nembak aku mau, pikire macan kang wis abang kupinge. Praji kang cilik atine wedi banget ana macan loro ing ngarepe, banjur mlayu njrantal pengen cepet-cepet metu saka alas.  Nanging, macan sing siji nyegat. Praji mlayu memburi, nanging dicegat macan sijine. Macane nibakake bedile Praji.

Praji mlayu, nanging ditabrak macan. “Ah, yo wis. Aku milih mati wae, timbang meres mikir milih sungu menjangan apa gading gajah.” Praji pasrah lan dipateni karo macan.

CERITA BASA JAWA - DISLAMETAKE KUCING

Esuk-esuk, Pak Bagimin lagi mbukak warung makan daging pitik gorenge. Dheweke weruh kucing ireng liwat ing ndalan. Dheweke ujuk-ujuk mlayu ning tengah ndalan, nyegat lakune kucing ireng.
“Mandeg, mandeg Cing. Mrene-mrene, mampira disik, tak wenehi pitik goreng.”
Kucing Ireng mung meong-meong karo ndelokake Pak Bagimin. Kok ana wong arep menehi aku pakan yo? Apa aku kethok kuru ya? Padahal sejatine Kucing Ireng lagi pasa senen kemis. Kucing Ireng ya wis krasa kelemon. Ngoyak tikus we ora kecekel.
Kucing Ireng mikir-mikir, arep dipangan ora ya? Nek dipangan, pasane batal, nek ditolak, dikira ora doyan, sesuk dadi ora dipakani meneh. Ya uwislah ora papa, pasane ora wajib kok. 
Kucing Klawu terus lingguh karo ngetamul mangan daging. “Wah jebul rasane ya enak tenan ya. Pitik goreng iki mesthi sing gawe ya bakat koki. Amarga rasane maknyus banget. Wah, aku pengen mangan meneh ki. Piye ya carane ya?” pikire Kucing Ireng.
Kucing Ireng kang cupet nalare marani korden, terus dicokot-cokot. Karepe dheweke pengen dipakani meneh. Nanging Pak Bagimin ora ngerti karepe kucing.
Pak Bagimin panas atine weruh si kucing nyokoti kordene. “Wah aja dicokoti, mengko nek rusak” Pak Bagimin nggusah si Kucing Ireng nanggo sapu. Pak Bagimin pancen apika, nanging uga cupet atine.
Kucing Ireng mung kaget, terus langsung mlayu. Wah, aku salah strategi iki. Aku ki pancen kethul pikire kok. Mau ki aja nyokot korden ya? Wah nek ngono aku arep nyoba cara liyane.
Kucing Ireng trus nyedhaki keset warna ijo ning ngarep lawang warung. Dheweke nyokoti keset sing dikiro suket kuwi, tujuane ben Pak Bagimin ngerti menawa dheweke isih ngeleh.
Pak Bagimin kaget, terus marani si kucing. ”Kucing iki mung ngabangake kuping kok. Iki ki keset anyar malah dicokoti. Tak gebuk, lho.”
Kucing Ireng tambah kaget karo wedi. Wah aku kudu lunga iki. Yen ora, aku mengko digebuk. Kepeksa dheweke lunga, wedi yen mengko malah babak belur digebuki marang Pak Bagimin. Nanging, Kucing Klawu mikir. Iki yen aku ora entuk pakan meneh, aku mung rugi iki, mbatalake pasaku. Pokoke, aku kudu entuk pitik gorenge.
Kucing Ireng terus marani wadah pitik gorenge wektu Pak Bagimin metu saka warung. Karepe, Kucing Ireng arep nyolong. Nanging, Pak Bagimin weruh, terus nggebuk nganggo sapu.
“Iki kucing wis dipakani ora matur nuwun malah nyolong. Pancen copet.”
Kucing Ireng mlayu metu saka warung. Dheweke pasrah isih ngelih ra entuk pitik goreng, karo malah mbatalake le pasa.
Dumadakan, Kucing Ireng weruh uwong nganggo topeng ing pinggir warung. Kucing Ireng terus nduwe cara. Dheweke nyemplung ing cet werna putih, terus lunga mlebu warung meneh.
Ing jero warung, Kucing Ireng weruh wong kang nganggo topeng lagi ngrampok Pak Bagimin. Kucing Ireng sing cilik atine kuwi ora wani ngadepi perampok. Nanging, dheweke terus nduwe cara supaya diwenehi pakan meneh. Dheweke mluncat ing raine perampok, terus dicakari.
 Perampok sing babak belur kuwi terus mlayu.
Pak Bagimin kang dislametake Kucing Ireng matur nuwun karu si kucing kanthi menehi pitik goreng meneh. (By Cerita Basa Jawa)

Kamis, 18 April 2013

CERITA BASA JAWA - KESANDUNG, KECEMPLUNG, KEPENTUNG


Langit isih peteng. Cahyaning srengenge saya suwe saya ketok. Suwarane pitik jago nangekake wong-wong kang isih padha turu.
Ing desa ingkang adoh saka kuta, wong-wong wis padha siap menyang sawah lan pasar. Ana sek nganggo pit lan ana uga sik mung mlaku amarga mung cedhak.
Ana sawijining omah gedheg kang wis reyot ing pinggir ndeso. Omah iku mung dinggoni wong loro, mbok Sarmini lan anake sing sinom jenenge Ghana. Mung dinggoni wong loro amarga bapak sampun puput yuswa. Mbok Sarmini wes tuwa umure, 67 taun lan jaka anak siji-sijine iku umure 19 taun. Mbok Sarmini biyasa dijeluk karo warga lagi lara-laranen. Ghana mung nganggur neng ngomah. “Le, tulung tukokke wedang jae!” akon Mbah Sarmini. “Nggih mbok. Kula nggih sek badhe teng warunge Mbak Tukiyem.” Tanggap Ghana.
Sepuluh menit sawise Ghana lunga ing warunge Mbak Tukiyem, Ghana bali nggawa wedang jae pesenane mbokne. “Niki mbok wedang jaene.”
“Nuwun yo le.”
Sawise ngombe obat mbok Sarmini menyang sawahe kang rada adoh saka omahe. Ghana pancen ala kadhutane, ora gelem ngrewangi ibune. Dheweke mung nang omah ora ana gawean. Mbok Sarmini pancen tuwa, nanging isih seneng guyonan lan marai ngguyu kanca-kancane ing sawah.
Wong-wong ndeso iku padha ngarani dheweke Mbok Koplak. Mbok Sarmini menyang neng sawah karo kanca-kancane sing arep padha tandur.
“Pripun kabare Ghana mbok? Sae-sae mawon to? Kok ora dijak mrene?” takon Mbok Sri.
“Inggih sae yu. Alah, bocah siji kae po gelem dijak nyambut gawe neng sawah.” Tanggap Mbok Sarmini.
            Sawise tekan sawah kinten-kinten jam sewelasan lan padha tandur, Mbok Sarmini ujuk-ujuk tibo pinsan. Kanca-kancane Mbok Sarmini padha meneng wae, dikira mung ngapusi amarga Mbok Sarmini biyasane seneng gojekan. Uwes limolas menit Mbok Sarmini ora obah. Mbok Sri sek ket mau mendheleng ndelok Mbok Sarmini sek diarani apus-apus ujuk-ujuk nyeraki Mbok Sarmini.
“Eeeehh, iki Mbok Sarmini semaput tenanan. Gek digotong neng omahe, sadurunge kebablasen!”
Gandheng neng kono mung ana mbok-mbok sing wis tuwa, sing ora kuwat ngangkat. Mbok Sri mlayu marani Ghana.
“Ghanaaa!! Ibumu pinsan kae, neng sawah. Cepet ditulungi!!”
Ghana langsung njupuk pite lunga menyang sawah. Sawise tekan sawah Ghana langsung nggotong ibune neng omah. Pite Ghana dibeta Mbk Sri.
Larane ibune saya suwe malah saya parah.
“Iki kudu dipriksakke neng rumah sakit iki. Nek ora iso luwih tambah nemen!” Mbok Sri kang tambah bingung.
“Wah, kula ora duwe duwit kanggi mbayar rumah sakit budhe. Kepriun?” tanggap Ghana.
“Le meres mikir bab koyo ngono kuwi mengko wae. Duwit kuwi urusan keri. Sek penting ibumu gek mari!”
Srengenge wis ana ing pucuking langit. Mbok Sarmini digawa neng Griya Sakit Sarjito. Ghana karo Mbok Sri nunggu neng njobo, amarga Mbok Sarmini lagi diobati.
Ora krasa wes wengi Ghana nunggu ibune neng griya sakit. Ghana ket mau ra iso mangan amarga mikirke biaya kanggo nambani ibune. Ghana mikirke cara supaya bisa golek duit sing akeh nanging cepet.
“Budhe tulung kancani ibu kula nggih.”
“Lha kowe arep nengdi Ghana?”
“Kula badhe wangsul sekedap. Tulung nggih budhe?”
“Yo wes, le. Kana, nek arep bali dhisik.”
            Ghana muleh numpak pite mau. Neng tengah dalan Ghana weruh omah gedhe kang menga amba ditinggalke wong sing duwe omah.
“Mesti iki lali ora dikunci.”
Ghana ujuk-ujuk duwe pepengen arep nyolong, amarga uwes ra duwe apa-apa. Ora mikir suwe Ghana langsung mlebu neng omah gedhe kuwi, neng njero omah Ghana jupuk ali-ali, gelang, inten lan sek mesthi, duit. Sawise nglebokke bandha mau neng sak lan liyane dicekeli, Ghana cepet-cepet metu.
Neng ngarep omah Ghana kaget weruh wong sek nduwe omah kuwi lagi metu saka mobile. Sek nduwe omah mung abang kupinge weruh Ghana nggawa bandhane. Ghana mung cepet-cepet mlayu.
“Maling....Maling...Maling...!!!!”
Para warga sek isih nang jero omah padha metu lan melu ngoyak Ghana. Ghana mlayu neng sesawahan kang nembe ditanduri. Saking wedine Ghana ora weruh nek neng ngarepe ana sumur kang jero. Ghana kesandung lan kecemplung. Ghana uga kepentung pentunge warga kang tibo.
“Aaaaaaaaa......tulung! Tulung!” munine Ghana.
Ghana tiba neng sumur lan jaluk tulung marang warga. Warga langsung nulungi Ghana.
“Mulane, aja nyolong, ya le. Tak laporke polisi mengko kowe.”
“Tulung, pak. Sampun dilaporke. Kula lagi peteng atine. Ibu kula teng griya sakit. Kula mboten gadhah arta, pak,”
            Wong sek nduwe mah mau lunga menyang griya sakit kang diomongake Ghana kanggo mbuktekake omongane Ghana. Sawise ngerti Ghana bener, wong mau banjur ngenehi pinulung marang Ghana, nanging Ghana ora oleh mbaleni kang dilakoni mau. Ghana banjur matur nuwun marang wong mau.