Kamis, 25 April 2013

CERITA BASA JAWA - MILIH MATI WAE


Ana pemburu sing kasil manah menjangan ning alas, banjur menjangan digendong arep digawa mulih. Ndilalahe neng tengah ndalan dheweke weruh Gajah lemu sing lagi ngombe wedang ing kali. Pemburu ngetokke bedil banjur nginceng Gajah lemu kuwi.  Ananging  sakdurunge dibedil, singa kang mau nginceng gajah malah nabrak pemburu.
Si Pemburu  kaget lan nodongake bedil marang macan. Pemburu mbedil macan kuwi, nanging malah kena gajah.  Si Pemburu puput yuswa dicakar-cakar lan dejegurake kali.
 
Ora suwe, pemburu liya kang polahe isih bocah teka kaya sekuter, jenenge Praji sing mara ndana arep mburu kewan. Weruh ana bangke Menjangan lan Gajah, dheweke dadi gumun. Wasan mikir-mikir dheweke mbedek menawa mesthi gek entes wae bar ana pemburu sing lagi lunga. “Wah, sadurunge pemburu sing mau bali, iki tak gawa wae iki. Nanging, gadhing gajah apa sungu menjangan ya?”
Saiki Praji bingung arep milih sing endi.  Sungu Menjangan apik banget nek dadi pajangan ning ngomah, nanging gading Gajah payu larang nek di dol ning kutho. Mengko nek nduwe duwit dheweke iso kelakon nraktir kanca-kancanene mangan ning Pizza Hut. Wis suwe dheweke nduwe kepinginan jajan Pizza Hut. Mulihe dheweke iso tuku sarung lan klambi anyar.
hinichi.blogspot.com
Dasar Praji, dheweke ketungkul wira-wiri ndelok menjangan, bar kuwi marani Gajah. Bingung nimbang-nimbang endi sing luwih nguntungake menawa digawa bali. Saking bingunge dheweke wira-wiri kawit awan nganti sore ora iso mutuske. Penyebape amarga Praji rumangsa abot kelangan salah sijine lan Praji pancen adus eluh yen dikongkon milih salah siji.

Srengenge wis diganti rembulan. Dumadakan ana suara Macan sero banget. Macan sing mau ngundang kanca kanggo. Wah, mesthi iki pemburu sing arep nembak aku mau, pikire macan kang wis abang kupinge. Praji kang cilik atine wedi banget ana macan loro ing ngarepe, banjur mlayu njrantal pengen cepet-cepet metu saka alas.  Nanging, macan sing siji nyegat. Praji mlayu memburi, nanging dicegat macan sijine. Macane nibakake bedile Praji.

Praji mlayu, nanging ditabrak macan. “Ah, yo wis. Aku milih mati wae, timbang meres mikir milih sungu menjangan apa gading gajah.” Praji pasrah lan dipateni karo macan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar