Esuk-esuk, Pak Bagimin lagi mbukak
warung makan daging pitik gorenge. Dheweke weruh kucing ireng liwat ing ndalan.
Dheweke ujuk-ujuk mlayu ning tengah ndalan, nyegat lakune kucing ireng.
“Mandeg, mandeg Cing. Mrene-mrene,
mampira disik, tak wenehi pitik goreng.”
Kucing Ireng mung meong-meong karo ndelokake
Pak Bagimin. Kok ana wong arep menehi aku pakan yo? Apa aku kethok kuru ya?
Padahal sejatine Kucing Ireng lagi pasa senen kemis. Kucing Ireng ya wis krasa
kelemon. Ngoyak tikus we ora kecekel.
Kucing Ireng mikir-mikir, arep
dipangan ora ya? Nek dipangan, pasane batal, nek ditolak, dikira ora doyan,
sesuk dadi ora dipakani meneh. Ya uwislah ora papa, pasane ora wajib kok.
Kucing Klawu terus lingguh karo
ngetamul mangan daging. “Wah jebul rasane ya enak tenan ya. Pitik goreng iki
mesthi sing gawe ya bakat koki. Amarga rasane maknyus banget. Wah, aku pengen
mangan meneh ki. Piye ya carane ya?” pikire Kucing Ireng.
Kucing Ireng kang cupet nalare marani korden, terus
dicokot-cokot. Karepe dheweke pengen dipakani meneh. Nanging Pak Bagimin ora
ngerti karepe kucing.
Pak Bagimin panas atine weruh si
kucing nyokoti kordene. “Wah aja dicokoti, mengko nek rusak” Pak Bagimin nggusah
si Kucing Ireng nanggo sapu. Pak Bagimin pancen apika, nanging uga cupet atine.
Kucing Ireng mung kaget, terus
langsung mlayu. Wah, aku salah strategi iki. Aku ki pancen kethul pikire kok.
Mau ki aja nyokot korden ya? Wah nek ngono aku arep nyoba cara liyane.
Kucing Ireng trus nyedhaki keset
warna ijo ning ngarep lawang warung. Dheweke nyokoti keset sing dikiro suket
kuwi, tujuane ben Pak Bagimin ngerti menawa dheweke isih ngeleh.
Pak Bagimin kaget, terus marani si
kucing. ”Kucing iki mung ngabangake kuping kok. Iki ki keset anyar malah
dicokoti. Tak gebuk, lho.”
Kucing Ireng tambah kaget karo wedi.
Wah aku kudu lunga iki. Yen ora, aku mengko digebuk. Kepeksa dheweke lunga,
wedi yen mengko malah babak belur digebuki marang Pak Bagimin. Nanging, Kucing
Klawu mikir. Iki yen aku ora entuk pakan meneh, aku mung rugi iki, mbatalake
pasaku. Pokoke, aku kudu entuk pitik gorenge.
Kucing Ireng terus marani wadah pitik
gorenge wektu Pak Bagimin metu saka warung. Karepe, Kucing Ireng arep nyolong.
Nanging, Pak Bagimin weruh, terus nggebuk nganggo sapu.
“Iki kucing wis dipakani ora matur
nuwun malah nyolong. Pancen copet.”
Kucing Ireng mlayu metu saka warung.
Dheweke pasrah isih ngelih ra entuk pitik goreng, karo malah mbatalake le pasa.
Dumadakan, Kucing Ireng weruh uwong
nganggo topeng ing pinggir warung. Kucing Ireng terus nduwe cara. Dheweke
nyemplung ing cet werna putih, terus lunga mlebu warung meneh.
Ing jero warung, Kucing Ireng weruh
wong kang nganggo topeng lagi ngrampok Pak Bagimin. Kucing Ireng sing cilik
atine kuwi ora wani ngadepi perampok. Nanging, dheweke terus nduwe cara supaya
diwenehi pakan meneh. Dheweke mluncat ing raine perampok, terus dicakari.
Perampok sing babak belur kuwi terus mlayu.
Pak Bagimin kang dislametake Kucing
Ireng matur nuwun karu si kucing kanthi menehi pitik goreng meneh. (By Cerita Basa Jawa)
Er, wis takgawekke...
BalasHapus