Langit
isih peteng. Cahyaning srengenge saya suwe saya ketok. Suwarane pitik jago
nangekake wong-wong kang isih padha turu.
Ing desa ingkang adoh
saka kuta, wong-wong wis padha siap menyang sawah lan pasar. Ana sek nganggo
pit lan ana uga sik mung mlaku amarga mung cedhak.
Ana sawijining omah
gedheg kang wis reyot ing pinggir ndeso. Omah iku mung dinggoni wong loro, mbok
Sarmini lan anake sing sinom jenenge Ghana. Mung dinggoni wong loro amarga bapak
sampun puput yuswa. Mbok Sarmini wes tuwa umure, 67 taun lan jaka anak
siji-sijine iku umure 19 taun. Mbok Sarmini biyasa dijeluk karo warga lagi
lara-laranen. Ghana mung nganggur neng ngomah. “Le, tulung tukokke wedang jae!”
akon Mbah Sarmini. “Nggih mbok. Kula nggih sek badhe teng warunge Mbak Tukiyem.”
Tanggap Ghana.
Sepuluh menit sawise
Ghana lunga ing warunge Mbak Tukiyem, Ghana bali nggawa wedang jae pesenane
mbokne. “Niki mbok wedang jaene.”
“Nuwun yo le.”
Sawise ngombe obat mbok
Sarmini menyang sawahe kang rada adoh saka omahe. Ghana pancen ala kadhutane, ora gelem ngrewangi ibune. Dheweke mung
nang omah ora ana gawean. Mbok Sarmini pancen tuwa, nanging isih seneng guyonan lan marai ngguyu
kanca-kancane ing sawah.
Wong-wong ndeso iku
padha ngarani dheweke Mbok Koplak. Mbok Sarmini menyang neng sawah karo
kanca-kancane sing arep padha tandur.
“Pripun kabare Ghana
mbok? Sae-sae mawon to? Kok ora dijak mrene?” takon Mbok Sri.
“Inggih sae yu. Alah,
bocah siji kae po gelem dijak nyambut gawe neng sawah.” Tanggap Mbok Sarmini.
Sawise tekan sawah kinten-kinten jam sewelasan lan padha tandur, Mbok Sarmini
ujuk-ujuk tibo pinsan. Kanca-kancane Mbok Sarmini padha meneng wae, dikira mung
ngapusi amarga Mbok Sarmini biyasane seneng gojekan. Uwes limolas menit Mbok
Sarmini ora obah. Mbok Sri sek ket mau mendheleng ndelok Mbok Sarmini sek
diarani apus-apus ujuk-ujuk nyeraki Mbok Sarmini.
“Eeeehh, iki Mbok
Sarmini semaput tenanan. Gek digotong neng omahe, sadurunge kebablasen!”
Gandheng neng kono mung
ana mbok-mbok sing wis tuwa, sing ora kuwat ngangkat. Mbok Sri mlayu marani
Ghana.
“Ghanaaa!! Ibumu pinsan
kae, neng sawah. Cepet ditulungi!!”
Ghana langsung njupuk
pite lunga menyang sawah. Sawise tekan sawah Ghana langsung nggotong ibune neng
omah. Pite Ghana dibeta Mbk Sri.
Larane ibune saya suwe
malah saya parah.
“Iki kudu dipriksakke
neng rumah sakit iki. Nek ora iso luwih tambah nemen!” Mbok Sri kang tambah
bingung.
“Wah, kula ora duwe
duwit kanggi mbayar rumah sakit budhe. Kepriun?” tanggap Ghana.
“Le meres mikir bab
koyo ngono kuwi mengko wae. Duwit kuwi urusan keri. Sek penting ibumu gek
mari!”
Srengenge wis ana ing
pucuking langit. Mbok Sarmini digawa neng Griya Sakit Sarjito. Ghana karo Mbok
Sri nunggu neng njobo, amarga Mbok Sarmini lagi diobati.
Ora krasa wes wengi
Ghana nunggu ibune neng griya sakit. Ghana ket mau ra iso mangan amarga mikirke
biaya kanggo nambani ibune. Ghana mikirke cara supaya bisa golek duit sing akeh
nanging cepet.
“Budhe tulung kancani
ibu kula nggih.”
“Lha kowe arep nengdi Ghana?”
“Kula badhe wangsul
sekedap. Tulung nggih budhe?”
“Yo wes, le. Kana, nek
arep bali dhisik.”
Ghana muleh numpak pite mau. Neng tengah dalan Ghana weruh omah gedhe kang
menga amba ditinggalke wong sing duwe omah.
“Mesti iki lali ora
dikunci.”
Ghana ujuk-ujuk duwe
pepengen arep nyolong, amarga uwes ra duwe apa-apa. Ora mikir suwe Ghana
langsung mlebu neng omah gedhe kuwi, neng njero omah Ghana jupuk ali-ali,
gelang, inten lan sek mesthi, duit. Sawise nglebokke bandha mau neng sak lan
liyane dicekeli, Ghana cepet-cepet metu.
Neng ngarep omah Ghana
kaget weruh wong sek nduwe omah kuwi lagi metu saka mobile. Sek nduwe omah mung abang kupinge weruh Ghana nggawa bandhane. Ghana mung cepet-cepet mlayu.
“Maling....Maling...Maling...!!!!”
Para warga sek isih
nang jero omah padha metu lan melu ngoyak Ghana. Ghana mlayu neng sesawahan
kang nembe ditanduri. Saking wedine Ghana ora weruh nek neng ngarepe ana sumur
kang jero. Ghana kesandung lan kecemplung. Ghana uga kepentung pentunge warga
kang tibo.
“Aaaaaaaaa......tulung!
Tulung!” munine Ghana.
Ghana tiba neng sumur
lan jaluk tulung marang warga. Warga langsung nulungi Ghana.
“Mulane, aja nyolong,
ya le. Tak laporke polisi mengko kowe.”
“Tulung, pak. Sampun dilaporke. Kula lagi peteng atine. Ibu kula teng griya sakit. Kula mboten
gadhah arta, pak,”
Wong sek nduwe mah mau lunga menyang griya sakit kang
diomongake Ghana kanggo mbuktekake omongane Ghana. Sawise ngerti Ghana bener,
wong mau banjur ngenehi pinulung marang Ghana, nanging Ghana ora oleh mbaleni
kang dilakoni mau. Ghana banjur matur nuwun marang wong mau.
(By Cerita Basa Jawa)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar